kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro
senajan syetan gentayangan tansah gawe rubedo
hinggo pupusing jaman hameteg ingsun nyirep geni wiso murko
meper hardaning ponco saben ulesing netro
linambaran sih kawelasan ingkang paring kamulyan
sang hyang jati pengeran jiwanggo kalbu samudro pepuntoning laku
tumuju dateng Gusti dzat kang amurbo dumadi
manunggaling kawulo Gusti krenteg ati bakal dumadi
mukti ingsun tanpo piranti sumebyar ing sukmo madu sarining perwito
maneko warno prodo mbangun projo sampurno
sengkolo tido mukso kolobendu nyoto sirno
tyasing roso mardiko mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo
yekti dadi mustiko sakjroning jiwo rogo
bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono byar manjing sigro sigro ampuh sepuh…utuh tan kena iso paneluh Gagah bungah sumringah ndadar sak wayah-wayah satriya toto sembada wiratama katon sewu kartika ketaman wahyu kala seba memuji ingsun kanthi suwita linuhung segara gandha arum swuh rep dupa kumelun tinulah niat insun hangidung sabda kang luhur titahing sang hyang agung rembesing tresna tandha luhing netra rasa rasa rasaning ati kadya tirta kang suci kawistara japa mantra kondang dadi pepadang palilahing sang hyang wenang nawa dewa jawata tali santika bawana prasidha sidhikara,ing sasana asmara laya sri narendra kala seba winisuda ing gegana datan gingsir sewu warsa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar